PERANGANE SESORAH:
1. Pambuka
a) Salam pambuka
b) Atur pakurmatan
c) Sulih sarira
d) Puji syukur
2. Isi/ wosing gati
a) Ancase/tujuane
b) Kaperluan
c) Pangajab
d) Panuwun
3. Panutup
a) Nyuwun pangapura
b) Sesanti
c) Salam panutup
CONTONE SESORAH PAWIWAHAN AQIQAHAN:
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Para pepundhen, sesepuh, pinisepuh ingkang dahat kinormatan. Sedaya para tamu, kakung saha putri ingkang satuhu kinormatan. Ugi sedaya kadang kaneman ingkang saestu kawula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanikmatan ingkang kathah dhumateng kita sedaya. Utaminipun kawilujengan ugi kasarasan, saengga kita saged makempal wonten ing pawiwahan punika kanthi wilujeng, mboten wonten alangan satunggal punapa.
Saderengipun kawula matur, kawula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu, sumangga tansah angrahabi pasugatan, ugi papan palenggahan ingkang sampun sumadyakaken. Kawula ugi nyuwun pangapunten, mbok bilih kula kumawantun matur wonten ing mriki. Kawula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Purwohartono, amiwaha pengtan aqiqah putranipun ingkang nomer tiga,
Kawula minangka talanging basa Bapa Purwohartono mboten badhe matur ingkang kathah dhumateng para tamu. Ing dinten punika Bapa Purwohartono ngawontenaken pengetan aqiqah putranipun ingkang kaparingan asma Hartono Tri Wibowo Arya Jayanta. Mbok bilih ing dinten punika jangkep selapan dinten. Awit saking punika, kinanthenan panyuwunan mugi-mugi putra punika dados putra ingkang sholeh, tansah dipunparingi kawilujengan, lan tansah migunani tumrap kulawarga, nagara, agama, lan utaminipun tansah ngabekti marang tiyang sepuhipun kekalih. Mugi-mugi do’a kula panjenengan sami tansah dipun ijabahi Allah swt.
Kawula ngaturaken panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun angrawuhi pawiwahan punika. Kawula ugi nyuwunaken pangapunten mbok menawi Bapa Purwohartono mboten saged paring pasugatan ugi papan panggenan ingkang pantes dhumateng para tamu. Semanten ugi kawula, mbok menawi anggen kula matur wonten klenta-klentunipun atur, ugi wonten basa ingkang mboten rena ing penggalih para tamu, kawula naming saged nyuwun agunging samodra panaksami.
Cekap mekaten atur kawula, katutup kanthi satunggaling parikan. Kupat lawuhe tela, menawi lepat nyuwun pangapura.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Rabu, 15 Desember 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
profil.Qu
- Agus Tri Wibowo
- Klaten ae.., Jawa Tengah, Indonesia
follOWerrs
Categories
- artikel bola (7)
- artikel pendidikan (1)
- free artikel (4)
- ISLAM (3)
- Just for Indonesia (7)
- MU (1)
- PMR (1)
Archive
-
▼
2010
(23)
-
▼
Desember
(13)
- Selamat Datang 2011
- Kita Tetap Menang
- Tegakkan Kepalamu, Garudaku!!!
- Pemain Pri-bumi Tetap Fantastis
- Kenikmatan Amal Shalih, dan Kenikmatan Dunia
- Adab Ketika Akan Mengikuti Sholat Berjama’ah di Ma...
- Perbedaan Bukan Harus Perpecahan
- Ancient Greeks
- JOGGING
- Demam Naturalisasi
- Jadi Pemuda yang Produktif
- PENGETAHUAN ISLAM
- SESORAH
-
▼
Desember
(13)
Labels
- artikel bola (7)
- artikel pendidikan (1)
- free artikel (4)
- ISLAM (3)
- Just for Indonesia (7)
- MU (1)
- PMR (1)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar